Para maos ingkang minulya.
Nyerat sejarah lahiripun Remaja Kerohanian Sapta Darma punika ngengetaken kulo prastawa ingkang andasari lahiripun Remaja Kerohanian Sapta Darma.
Kula wiwiti mula bukanipun.
Ing watawis tahun 1973.
Ibu Sri Pawenang punika pedamelanipun dados pengacara ing Yogjakarta. Kondang wasis ambela tetiyang ingkang kasisahan ing bab hukum. Saben dinten tamunipun kathah , mboten nate sela sanadyan dinten Minggu utawi dinten liburan. Kondur saking kantor jam 16.00 , dereng ngantos ngaso sampun wonten tamu ingkang nengga. Malah yen dinten Minggu utawi dinten libur, mulai enjing tamunipun sampun antre. Tamu punika warga lan ugi tamu ingkang ambetahakaen masalah hukum. Sanadyan sok kondur dateng Kadisaba Sleman (dalemipun rama - ibunipun Bu Sri) tamu ugi sami dateng ngrika. Sanadyan makaten, saben jam 19.00, jam 21.00 , jam 23.00 (jam-jam ganjil ), saged kapestekaken sujud ing pendapa Sanggar Agung Candi Sapta Rengga. Dene anampi tamu punika sok ngantos jam 02.00 dalu.
Kamaripun Bu Sri punika kamar ing wingking piyambak celak sumur. Kamar punika rumiyin kamaripun Bapa Sri Gutomo. Dene kamaripun Bu Sri ing sisih ngajengipun.
Ing jawi, antawisipun kamar kalih punika wonten meja panjang ingkang wonten kursinipun watawis 10 kursi.
Meja panjang punika ugi mboten nate sepen. Saben dinten 5 utawi 7 mahasiswa sami sinau ing ngriku. Saben jam 19.00, jam 21.00 , jam 23.00 , ugi sami sujudan ing pendapa nyarengi Bu Sri.
Ingkang kula enget naminipun Suryanto (Fak.Teknik UGM), Mardiyono (saking Lampung), Bambang Nurdono (Fak.Pertanian), Mujiono , Rusmiardi (Fak Kehutanan UGM), Rusmintono (ITB), Rusmiyanto (Fak Pertanian UGM), Rusminto Priyadi (Fak. Kehutanan UGM), Rusminto Wibowo (Fak.Ekonomi UGM) lan taksih wonten malih, namung kula radi kesupen. Mbok bilih wonten ingkang ngengetaken, tartamtu kula serat ing ngriki. Wonten ugi putri satunggal Susilowati ,punika keponakan Ibu Sri Pawenang ingkang sekamar kaliyan Ibu Sri Pawenang..
Mahasiswa-mahasiswa punika saben dinten mirengaken wejangan saking Ibu Sri Pawenang, saengga sami gadah wawasan ingkang sae minangka sanguning gesang.
Ing wekdal punika Ibu Sri Pawenang kagungan kersa ngawontenaken sujud penggalian kangge para mahasiswa. Nalika punika dipun andaraken ing sarasehan Jum'at Wage, kathah para warga, utaminipun ingkang sepuh, sami boten angrujuki. Alasanipun kuwatos yen mangke bab sujud dipun damel 'ilmiah'. Boten cocog kaliyan kebatosan utawi kerohanian. Nanging Bu Sri kagungan pangertosan , yen Sapta Darma namung dipun lampahi para sepuh kemawon, salajengipun sinten ingkang bade mencaraken ajaran budi luhur punika. Dados kedah wonten 'generasi penerus'. Supados boten cutel lampahipun.
Saestu kalampahan penggalian mahasiswa sapisanan ing sanggar Candi Sapta Renggo, Cacahipun wonten 12 mahasiswa/ mahasiswi dipun tuntuni Ibu Sri Pawenang piyambak. Inggih ing wekdal punika satunggal mahasiswa (Rusmiyanto) kasil saged dumugi 'malebet ing Sinar'. Ibu Sri Pawenang katingal remen sanget mangertosi punika,
Amangsuli bab ngajeng.
Sasampunipun ngawontenaken penggalian kanti kasil ingkang sae punika, Ibu Sri Pawenang tumunten ngutus rayinipun (Bapak Sutarjo) ugi ngawontenaken penggalian kangge mahasiswa. Pranyata kathah mahasiswa ingkang sami ngempal ing sanggar Sagan.Ing antawisipun Hartadi lan Joko Resmihadi (ing tembe garwanipun Susilowati).
Inggih ing wekdal punika wontenipun sanggaran remaja. Dene yen dinten Minggu, wonten sanggaran kangge lare-lare alit putranipun para warga, ingkang dipun tuntuni Ibu Sri Pawenang piyambak.
Lelampahan wahyu Sapto Darmo
Selasa, 12 Maret 2019
Sabtu, 29 Agustus 2015
0022 . Wahyu SAPTO DARMO.
Alas kobong (Wana kabesmi)
Lajengipun bab kain sujud.
Nuwun para pamirso,
Kain sujud kangge alemek nalika sujud punika mengku suraos yen tiyang sujud kedah alandesan lampah suci (putih, petak) Pramilo mboten wonten tiyang sujud ngangge alemek kain ingkang mawi gambar utawi warni sanesipun petak.
Nalika sesanggaran, Bopo Sri Gutomo utawi Ibu Sri Pawenang nglenggahi kain sujud ingkang arupi simbol Sapta Darma, punika mratelakkaken bilih panjenenganipun sampun saged anerapaken ajaran Sapta Darma.
Wondene nalika salah satunggaling warga bade dipun jejeraken (kawisuda) dados tuntunan, inggih nglenggahi kain ingkang wonten gambaripun simbol Sapta Darma. Punika mratelakkaken bilih ing salajengipun, sasampunipun dados tuntunan, inggih kedah sinau (belajar) angetrapaken sadaya ajaran Sapta Darma.
Kain sujud kangge sarana pangusadan.
Para maos ingkang minulya.
Tiyang sujud merbawani dateng sakitering panggenan sujud punika. Nalika panjenengan angleremaken raos lan pikiran ing wekdal anglampahi sujud, ing sakiteripun sami kaprabawan. katitik tetiyang sami kraos ngantuk, sakeca. Gegeteran ingkang medal saking sarira panjenengan punika ingkang kuwaos angleramaken swasana. Kain sujud ugi kaprabawan ing gegeteran punika.Pramila kain sujud punika menawi dipun krukubaken dateng badanipun lare2 utawi tiyang ingkang sakit, alitipun saged ngirangi sakitipun, agengipun saged anyarasaken. Namung mustaka (sirah) boten perlu katutupan, amargi ing ngriku kawengku Hyang Maha Suci.
Salajengipun, sasaged-saged, kain sujud kedah dipun simpen ing panggenan ingkang inggil. Paling boten wonten ing nginggilipun ageman ing lemantun.Sampun dipun klemprakkaken saenggen enggen Eman dateng kasiyatipun. Sanadyan makaten menawi kotor inggih kedah dipun kimbah ngangge rinso utawi sanesipun. Namung nalika ngimbah sampun dipun campur kaliyan kain2 sanesipun. Prayoginipun dipun uceg2 piyambak, lan nalika mepe (jemur) boten perlu dipun kebas2aken. Ing ngandap punika caritanipun.
Alas kobong
Nalika Bopo Sri Gutomo lelana ngruwat panggenan angker, dipun ampiraken warga ing griyanipun ingkang caket wana (alas). Sumerep kain sujud ingkang dipun agem Bopo Sri Gutomo katingal leteg, kotor. Pramila nyuwun palilah yen pareng bade dipun kimbahaken. Bopo maringaken Sanalika lajeng dipun bekta dateng sumur perlu dipun kimbah. Sarampunging damel lajeng dipun peres kangge bucal toyanipun. Salajengipun tumuju dateng panggenan kangge mepe (jemur). Panggenan jemur punika angadep wana (alas). Awit taksih radi teles , limrahipun kain punika lajeng dipun kebut-kebutaken kangge bucal sisaning toya.
Salebeting ngebut-ngebutaken kain sujud punika, Sagebyaran pandulunipun kabikak waskita, awit kaprabawan kain sujudipun Bopo Sri Gutomo. Sanalika anyumerepi bilih ing tengahing wana kobar kobong kabesmi. Gita-gita matur Bopo prastawa punika. Sasampunipun ening sakedap Bopo ngandika bilih ingkang kobong kabesmi punika sanes wana, nanging panggenanipun lelembat awit kenging dayanipun kain sujud ingkang dipun kebut-kebutaken.
Makaten punika prastawa ingkang nate dipun cariyosaken dening Ibu Sri Pawenang.
Nyumanggakaken.
Anulad prastawa punika, Ibu Sri Pawenang nate ngandika bilih panggenan ing dalem panjenengan, yen karaos wonten ingkang angganggu (lelembat), upaminipun bayi ingkang boten menda, tansah nangis kemawon, utawi sok mambet gondo wangi utawi bacin ing salebeting kamar, cobi panjenengan anyebut Asma 3 lajeng ngebut-ngebutaken kain sujud. Bok menawi bade wonten ginanipun
Nuwun.
Rabu, 05 September 2012
0021 . Wahyu SAPTO DARMO.
Kain sujud.
Ing tahun 1952 lan sakiwa tengenipun, dereng katah jenis lan corakipun kain ing peken. Ingkang katah drill lan kain jenis tetoron lan katun. Ingkang paling mirah jenis tetoron. Ukuran wiyaripun wonten ingkang 90 cm lan 110 cm. Kangge keperluan sujud, ukuran 110 cm kewiyaren. Pramilo dipun pilih ingkang ukuran 90 cm.
Supados persegi belah ketupat panjangipun 90 cm. Dados belah ketupat puniko ukuranipun 90 X 90 cm.
Ukuran puniko pas kangge bangsa Indonesia lan tiyang Jawi umumipun. Mboten wonten ketetepan kedah samanten ukuranipun punopo malih jen dipun gatuk-gatukaken kaliyan angka 9. Puniko malah dados klenik ingkang dipun awisi ing Sapta Darma. Yen ing sanes wekdal wonten bangsa manca ingkang badanipun ageng inggil, ukuran kain sujud inggih dipun wiyaraken sauger pas kangge sujud.
Naliko Pak Arjo, Pak Kemi, Pak Joyo Jaimun, Pak Soma Giman dipun gerakkaken sujud mboten mawi alemek kain sujud. Puniko sejarahipun.
1. Sanggar.
Tumraping sadaya warga Sapta Darma, pangertosan sanggar puniko griya panggenan kangge sujud.
2. Kain sujud petak minongko sanggar.
Yen warga puniko sampun lami anggenipun nindakkaken sujud utawi nderek penggalian pangertosanipun anunten tambah. Lajeng mangertosi bilih kain sujud puniko ugi sanggar, awit ing ngriku puniko wadagipun anindakkaken sujud. Dados kain sujud petak puniko saged kawastanan sanggar.
Puniko sababipun kain sujud kedah dipun sengker, tegesipun dipun rumat kadi sanggar. Yen kotor enggal dipun kimbah. Dipun simpen ing panggenan inggil.
3. Wadag minongko sanggar.
Ing salajengipun yen mangke warga sampun saged angraosaken lan nyatitekaken ucapanipun sujud "Hyang Maha Suci sujud Hyang Maha Kuwasa" , lajeng tambah malih pangertosanipun. Mangertosi bilih naliko Hyang Maha Suci sujud Hyang Maha Kuwasa , Hyang Maha Suci manggen ing wadagipun ingkang sujud.
Dados, wadag minongko panggenan kangge sujud. Hyang Maha Suci. Pramilo wadag puniko ugi sanggar. Sanggaring Hyang Maha Suci.
Wawasan
Yen makaten, ateges wadag kulo lan panjenengan sadaya puniko kedah dipun rumat ingkang sae. Awit puniko sanggaring Hyang Maha Suci.
Sampun dipun peksa anindakkaken pedamelan ingkang kirang sae, upaminipun tukar paben, mikir awon lan sapanunggilipun. Wewarah 7 puniko sasaged-saged dipun lampahi ing saben dintenipun.
Nyuwun pitedahipun.
Nuwun.
Rabu, 27 Juni 2012
0020 . Wahyu SAPTO DARMO.
Cariyos tiyang pitu ingkang pengin anyumerepi sinar cahyaning Allah.
Wonten tiyang pitu sami dene memitran. Sampun kaduk yuswanipun. Antawis 70 tahunan.
Kula namung enget 3 nami inggih punika Pak Ahmad, Pak Wafi lan Pak Rofii. Sadaya mulang muruk pangaosan (ngaji). Griyanipun ingkang alit saben dinten kebak lare nem-neman ingkang anyinaoni ngaos.
Lare-lare puniko saben wulan sami ambekto wulu wedaling pekawisan arupi lombok, brambang, jagung lsp. minongko sesulih anggenipun anyinaoni ngaos. Pramilo tiyang pitu puniko saged angsal asil saking amulang muruk ngaos puniko.
Ing satunggaling dalu tiyang pitu puniko sami ngempal.Wonten ingkang bade dipun rembag. Inggih puniko bab sinar cahyaning Allah. Sadaya sampun nate mireng ing bab cariyos puniko, kados pundi warninipun lsp. Nanging namung kandeg dumugi cariyos kemawon. Mboten nate anyumerepi piyambak. Wosing rembag sadaya pengin bade anyumerepi piyambak. Caranipun benten benten. Wonten ingkang nglampahi poso mutih, inggih puniko namung neda tetedan warni petak kemawon dangunipun 40 dinten. Wonten ingkang ngrowot (namung neda wi, gembili kemawon. Wonten malih ingkang ngebleng tigang dinten tigang dalu wonten lebet kamar peteng kemawon mboten medal. Wonten malih ingkang dikir 40 dinten terusan.
Angsal 3 wulan, lajeng sami ngempal. Pranyata sadaya cabar, mboten angsal damel. Sami getun dene sami mboten angsal damel.
Wusana wonten ingkang kengetan bilih taksih wonten cara ingkang dereng dipun cobi.
Pak Rofii. Pensiunan letnan TNI.. Tahun 1957 dipun tugasaken ing Sulawesi kangge anyirep PRRI Permesta Nalika samanten, saderengipun bidal pados "cepengan" utawi piandel kangge kasugenganipun ing mar4gi..
Pak Rofii dipun dedahi kancanipun supados tumut dipun sujudaken sacara Sapta Darma. Pak Rofii purun, lajeng dipun sujudaken. Salebeting tugas ing Sulawesi lan panggenan sanesipun Pak Rofii mboten kendat anggenipun sujud. Lestantun mboten manggih reribet ing margi. Salebaring damel manggih raharja .
Salajengipun, sareng sampun pensiun, malah mboten nate sujud malih.
Sapunika nembe kengetan malih.
Pak Rofii lajeng anglampahi sujud malih, nanging mboten cariyos dateng para mitranipun.
Angsal seminggu anggenipun anindakaken sujud, sumerep cahya ingkang dipun padosi.
Mitra 6 sanesipun lajeng dipun ajari sujud , namung kemawon mboten dipun cariyosi bilih punika sujud Sapta Darma.
Saestu, sasampunipun pinten dinten wonten ingkang anyumerepi cahya punika. Ganep sewulan, sadaya sampun sami saged anyumerepi sinar cahyaning Allah, ingkang ing Sapta Darma kasebat Hyang Maha Suci.
Nembe sapunika Pak Rofii anerangaken yen punika sujud Sapta Darma.
Salajengipun mitra 7 punika tetep anglampahi sujud ngantos sapunika.
0019 . Wahyu SAPTO DARMO.
Sujud asal dumadining manungsa.
Sujud minongko pangruwatan.
Amangsuli prastawa purwaning sujud. Naliko tiyang tiga inggih puniko Pak Arjo Sopuro, Pak Joyo Jaimun lan Pak Sukemi kasujudaken ing griyanipun Pak Kemi, Pak Arjo sumerep tumbal-tumbal ing pekawisan lan griyanipun Pak Kemi. Tumbal-tumbal puniko ingkang nanem inggih Pak Kemi piyambak, ing pangangkah kangge njagi keslametan kaluarganipun. Pak Arjo lajeng anyariosi bilih sadaya punika kedah dipun bucal awit sapunika sampun nglampahi sujud. Sadaya sampun kajangkung dening Hyang Maha Kuwasa. Mboten perlu pitados dateng sadaya damelanipun tiyang.Wusana sadaya tumbal punika dipun pendet lan kabucal ing lepen.
Para Pamirso.
Prastawa punika anedahaken bilih tiyang kasujudaken punika saged kawastanan dipun ruwat.. Amundi-mundi dateng guwa singup, wit wringin ageng, sawarnining dedamelanipun tiyang kadosta reca, gegaman kina keris, tumbak lsp. sampun mboten perlu malih, kedah dipun icali.
Mboten namung punika kemawon, yen tiyang sampun kasujudaken, sawarnining japa mantra, kanuragan, aji pangasihan lsp tartamtu tambar, ical karuwat dening lampah sujud puniko. Dados saupami wonten ingkang gadah kanuragan mboten tedas ing gegaman, yen badanipun kabacok mboten tatu, sasampunipun sujud, ilmunipun tartamtu ical. Yen kabacok inggih tatu..
Sujud puniko sarana amangsulaken pribadinipun wangsul dateng asal mulanipun ingkang suci.Supados ing tembe saged wangsul dateng pangayunanipun Hyang Maha Kuwasa.Pramila kasebat sujud asal dumadining manungsa.
0018. Wahyu SAPTO DARMO.
Pranata cara anyujudaken warga enggal.
Nuwun para pamirso.
Sapta Darma puniko wahyu, sanes damelanipun tiyang.
Pranata cara anyujudaken warga enggal ugi sampun kababaraken dening Bopo Sri Gutomo.
Namung tiyang sekawan ingkang kasujudaken anyarengi dumawahing wahyu, inggih puniko Pak Arjo Sopuro, Pak Sukemi Andini, Pak Joyo Jaimun lan Pak Soma Giman. Wonten ingkang mastani bilih kasujudaken dening Hyang Maha Kuwasa piyambak. Sanesipun dipun tuntuni sujud dening Pak Arjo Sopuro, kalebet Ibu Sukemi Andini warga putri sapisanan.
Salajengipun, ingkang kajibah anuntuni sujud sepisanan puniko inggih para tuntunan. Warga mboten kawajibaken nuntuni sujud. Makaten puniko sabab tuntunan sampun kaparingan wacana arupi wejangan kangge nuntuni sujud dening Bopo Sri Gutomo, dene warga biasa mboten perlu. Tuntunan ugi anerusaken wejangan puniko dateng tuntunan salajengipun, makaten tunda matunda ngantos dumugi sapuniko. Pramilo warga biasa mboten kawajibaken nuntuni sujud warga enggal. Namung kepeksanipun, yen to wonten ingkang bade kasujudaken, kamongko panggenanipun tebih saking tuntunan, upaminipun ing pulo-pulo ingkang tebih ler kidul utawi ing tengah-tengah wana, utawi ing manca negari, ing wacana punika, warga saged anuntuni sujud kanti katerangan, ing tembe wingking kedah kasujudaken malih dening tuntunan.
Awisan.
Sujud Sapta Darma mboten kenging kacobi piyambak. Sanadyan sampun sumerep lan maos wacana bab sujud, puniko, dipun awisi sanget. nyobi piyambak.Yen wonten klentunipun, ambilaeni dateng sariranipun lan tetiyang ing ngriku.
0017. Wahyu SAPTO DARMO.
Free counters
Pasrah ing purba wasesaning Hyang Maha Kuwasa.
Sujud dingklukan kaping 3.
"Hyang Maha Suci mertobat Hyang Maha Kuwasa"
Mertobat ing ngriki saged kawastanan amasrahaken ing purba wasesaning Hyang Maha Kuwasa.
Pramila sanadyan Hyang Maha Suci mboten kalepatan saking ulah kridaning saderek 11, Hyang Maha Suci tetep kedah pasrah ing purba wasesaning Hyang Maha Kuwasa..Punika kaucapaken ing sujud dingklukan nomer 3.
Para pamiyarso , puniko pangertosan kula ing bab katerangan sujud. Tamtu panjenengan sadaya anggadahi wacana piyambak ing bab sujud punika. Yen sami, inggih monggo, dene yen wonten bentenipun, mugi wacana punika mboten dados kirang renaning penggalih panjenengan sadaya. Sokur kersa maringi email dateng kula ing warga.saptadarma@gmail.com.
Langganan:
Postingan (Atom)