Rabu, 25 Januari 2012

0002. Wahyu SAPTO DARMO.



Pepetenging jagad.
Payudan (paprangan), kacilakan,sakit, lan gonjang-ganjinging bumi ingkang rupi lindu, banjir , lesus lan sapanunggilanipun , sadaya puniko anuwuhaken katah pepejah dateng tiyang jaler-estri, nem-sepuh. Ugi puputing yuswa puniko anambahi katahing tiyang ingkang pejah.
Mboten sadaya nyowo ingkang pejah saged wangsul dateng pangayunaning Hyang Maha Kuwasa ing alam langgeng. Ingkang kathah manggen ing alam alus, dene sanesipun saged ugi manggen ing alam wadag upaminipun ing guwo-guwo, griyo singup, ing kekayon, malah wonten ingkang nemplek ing sato kewan.
Sadaya kadadosan puniko anuwuhaken pepetenging swasana. Petenging swasana angreridu lampah pados pangupo jiwo, adamel kacingkrangan lan kasisahan ing bebrayat.
Saking agenging prihatos saha genturing panuwunan dateng Hyang Maha Kuwasa, lampah pak Arjo Sopuro puniko mahanani tumuruning wahyu sujud Sapta Darma ing wulan Desember tahun 1952 tanggal 27 ingkang kaleresan malem Jum'at Wage.
Tumuruning wahyu sujud puniko, saderengipun kairing tanda-tanda ingkang kacatet salebeting penggalihing poro mitro-mitranipun Pak Arjo Sopuro.
Poro pamirso,
Wacana ing nginggil puniko ingkang kulo mangertosi ing babagan analiti milo bukanipun karsaning Hyang Maha Kuwasa anurunaken wahyu sujud dateng Pak Arjo Sopuro.
Wahyu sujud kalajengaken tumuruning wahyu racut ing wulan Pebruari tanggal 13 tahun 1953 lan ing pungkasan paripurno tumuruning wahyu Simbol Pribadi, Wewarah Pitu lan Sesanti ing tanggal 12 Juli 1954, wanci siang watawis jam 10.00.

Prajanjen lan Hyang Maha Kuwasa.
Sasampunipun anampi tumuruning wahyu Simbol Pribadi, Wewarah Pitu lan Sesanti, Pak Arjo dalah para mitranipun nembe mangertos yen sadaya puniko mboten namung kagem pribadinipun piyambak, nanging sampun dados sesanggeman ingkang kedah kabiwarakaken dateng sok tiyango ing saindenging jagad.

Purwaning jejibahan.
Amurwakani sesanggeman puniko, Pak Arjo nampi parentah ngusadani tiyang sakit ing Pare lan desa-desa sacelakipun.
Ing salebeting ngayahi tugas utawi jejibahan puniko, Pak Arjo sok selak utawi mboten purun angleksanani, awit rumaos gadah tanggelan semah lan yoga. Sanesing puniko ugi gadah pikiran rangu-rangu, "Mengko gek . . .".
Menawi sampun gadah penggalih makaten puniko, lajeng mopo. Mboten purun medal ing njawi. Poro mitranipun ing njawi sami ngrantos medalipun.
Salebeting kahanan makaten, ujug-ujug, tanpa sangkan paran, Pak Arjo sumerep kedatengan tiyang kalih marepeki Pak Arjo. Kekalihipun sami dene mulasara pak Arjo sarana angantemi tutukipun. Pak Arjo jerit-jerit sesambat, lajeng anjelih "Celukno Pak Kemiiii !!!. Iki aku diantemi wong-wong" Makaten wongsal-wangsul. Para mitranipun sami gugup lan ngungun. Ing ngriku mboten wonten sinten-sinten. Anamung sami sumerep bilih Pak Arjo ngantemi tutukipun piyambak sarana asta kekalihipun.
Sasampunipun Pak Kemi dumugi ing ngriku, Pak Arjo lajeng angucap"Aku sanggup nglakoni prentahe Hyang Maha Kuwasa". Bibar puniko lajeng lerem. Pak Kemi minongko dados saksining ucapan puniko. Pranyata waja (untunipun) Pak Arjo rontok kalih kenging anteman puniko.

free counters

Tidak ada komentar:

Posting Komentar