Rabu, 25 Januari 2012
0009. Wahyu SAPTO DARMO.
Sri Gutomo
Nami Sri Gutomo katampi naliko sujud sesarengan ing griyanipun Pak Arjo.
Tanggal 27 Desember 1955 puniko pas tigang tahun sasampunipun tampi wahyu sujud.
Jawah deres anyarengi prastawa puniko.
Sri puniko anyebataken Raja utawi Ratu
Gutomo anyebataken Budi Luhur.
Dados Sri Gutomo ugi kawastanan Raja/ Ratuning Budi Luhur.
Anyarengi wahyu puniko, naliko paring wejangan, Pak Arjo, ingkang sapuniko nami Sri Gutomo, ugi kedah angagem kain sujud ingkang panjangipun 3 meter, wiyaripun 90 cm.
Kain sujud puniko sebagian kaubedaken ing mustoko (sirah) awangun sorban. Mboten bunder seser, nanging radi lonjong manginggil, anyanepakkaken cahyaning Hyang Maha Suci tumuju manginggil, dateng Hyang Maha Kuwasa. Sebagian malih kabeber ing ngajengan. Puniko anyanepakkaken, bilih Sri Gutomo anampi wejangan saking Hyang Maha Kuwasa, kabeberaken dateng para warga sadaya.
Sujudipun Sri Gutomo madep mangilen, anampi sujudipun para warga sadaya.
Dados Pak Arjo sujudipun madep mangetan kados sadaya warga Sapto Darmo.
Dene sujudipun Sri Gutomo madep mangilen, adep-adepan lan para warga.
Kasebataken ugi, warga ingkang tekun, tamtu sumerep sinar Sri Gutomo ing salebeting sujudipun.
Puniko ingkang kulo mangertosi.
Sumonggo warga/ tuntunan kulo aturi maringi wawasan.
0008. Wahyu SAPTO DARMO.
Sanggar lan tuntunan
http://sapta-darma.info/sejarah.html
-----------------------------------------------------------------------
Pada bulan Oktober 1954, dalam suatu persujudan pada malam harinya diterima lagi suatu penerimaan yang memerintahkan agar Sdr. SARPAN ditunjuk sebagai TUNTUNAN SANGGAR di PARE, KEDIRI. Ini suatu penerimaan baru lagi yaitu istilah SANGGAR. Yang dimaksud istilah Sanggar adalah tempat peribadatan (Pasujudan bersama) dan istilah TUNTUNAN adalah orang yang menuntuni sujud.
Pada tanggal 27 Desember 1955, selagi para warga mengadakan pasujudan bersama di Pare, diterimalah nama SRIGUTAMA. Bersamaan dengan diterimanya nama tersebut jatuhlah hujan lebat semalam suntuk, seterusnya dari tanggal 19 Agustus 1956 Bp. HARDJOSAPURO disebut menjadi PANUNTUN AGUNG SRI GUTAMA (Pelopor Budi Luhur).
--------------------------------------------------------------------
Sanggar
Adedasar seratan ing nginggil, wacana SANGGAR lan TUNTUNAN katampi naliko sami sujud sesarengan wanci dalu, ing wulan Oktober 1954
Sanggar inggih puniko panggenan kangge anglampahi sujud sesarengan.
Tamtu kemawon sanggar ingkang kawitan inggih griyanipun Pak Arjo Sopuro puniko, lan Pak Sarpan ingkang dados tuntunan kawitan.
Ing salajengipun, sanggar puniko kapilah dados kalih: Sanggar Candi Busono lan Sanggar Candi Sapta Rengga.
Sanggar Candi Busono puniko nami sanggar ingkang kabangun ing pundi-pundi panggenan kangge sujudipun para warga. Saben sanggar wonten ingkang kajibah dados tuntunan sanggar ing ngriku.
Mligi griyanipun Pak_Arjo, puniko kasebat Sanggar Agung Candi Busono. Ing ngriku puniko dumawahing wahyu sepisanan.
Sanggar Candi Sapto Renggo namung wonten satunggal. Puniko minongko punjering Kerohanian Sapto Darmo.
Alamat:
Sanggar Agung Candi Sapto Renggo
Jln. Surokarsan MgII/472 Mergangsan Jogyakarta D I Y Indonesia
Phone : 0274-375337
Sesarengan wacana puniko, warga Sapta Darma ugi kapatah sujud mawi lemek kain petak awangun belah ketupat, saukuran 90 cm X 90 cm. Puniko kasebat kain sujud.
Kain sujud puniko ugi kanamekaken sanggar.
Dados warga ingkang sujud kanti lemek kain sujud ugi kasebat sujud ing sanggar, sanadyan mboten sujud ing sanggar Candi Busono.
Tuntunan
Tuntunan kajibah anuntun sujud dateng sok tiyango ingkang kapengin nglampahi sujud.
Tuntunan puniko sanes wakilipun Pak Arjo, nanging mligi anglampahi jejibahan awit saking karsaning Hyang Maha Kuwasa. Pramilo tanggel jawabipun ugi dateng Hyang Maha Kuwasa. Sok sinteno ingkang anglampahi lepat, tamtu angsal pidana saking Hyang Maha Kuwasa. Pramilo jejibahan puniko awrat sanget.
Sanadyan makaten, sadaya ingkang kajibah dados tuntunan, mboten wonten ingkang anolak, malah kathah ingkang kapengin anindakkaken jejibahan puniko.
Pak Saridi, sapuniko ingkang dados Tuntunan Sanggar Candi Busono Pare.
Piyambakipun minongko panderekipun Pak Arjo, taksih lestantun ngantos sapriki.
0007. Wahyu SAPTO DARMO..
Brahmono_Resi lan Resi_Brahmono
Naliko purwaning sujud, asta sisih tengen katumpangaken ing asta sisih kering, nanging mboten trep. Anyilang. Patrapipun: epek-epek asta kering katempelaken ing jaja tengen radi nginggil. Makaten ugi asta sisih tengen katumpangaken ing jaja kering radi nginggil.Sasampunipun sujud tigang dingklukkan, lajeng lenggah. Salajengipun epek-epek asta kekalih sami katempelaken patrap sembah, lan kaangkat ing sanginggiling mbun-mbunan. Sasampunipun lajeng kaselehaken ing pangkon. Rampung.
Patrap sujud makaten dening Pak Arjo_Sopuro kawastanan sujuding Brahmono_Resi, lan ingkang anglampahi sujud makaten puniko kawastanan Resi_Brahmono. Sadaya mitra paseksen sami anglampahi sujud makaten puniko ngantos sasurutipun piyambak-piyambak. Mboten wonten ingkang angewahi patrap sujudipun, sanadyan ing tembe patrap sujud sampun kasampurnakaken dados Sujud_Dasa_Warsa. Pak_Arjo ugi mboten menging utawi amarentahaken supados angewahi sujudipun, sabab sampun mangertos bilih patrap makaten (sujuding Brahmono_Resi) puniko pancen mligi kaagem dening poro saksi kawitan.
0006. Wahyu SAPTO DARMO..
Pangruwatan.
Naliko manungso anglampahi pecating nyowo utawi pejah, kairing lesing sukmo, puniko ing Sapta Darma kawastanan tindaking Hyang Maha Suci dateng alam langgeng kairing saderek 11.
Dene naliko anglampahi racut, saderek 11 sami anenggo wadagipun, mboten tumut nderek Hyang Maha Suci. Pramilo racut ugi kawastanan "mati sajroning urip" utawi pejah salebeting gesang.
Naliko racut, salebaring sowan dateng ngarsaning Hyang Maha Kuwasa, lajeng wangsul malih dateng wadagipun ingkang katenggo saderek 11 puniko. Dene naliko pejah, saderek 11 tamtu angalang-alangi utawi anggondeli tindaking Hyang Maha Suci.
Warga Sapta Darma ingkang tekun sujudipun tartamtu saged amangsulaken saderek 11 puniko dateng asalipun, inggih puniko sari-sarining bumi, saenggo Hyang Maha Suci saged lestantun tindakipun, wangsul dateng alam langgeng.
Dene yen wonten salah satunggal,kalih, tiga utawi kathah saking saderek 11 ingkang mboten saged wangsul dateng asalipun, puniko ingkang bade anggandoli tindaking Hyang Maha Suci, ndadosaken wontening roh penasaran utawi roh gentayangan. Yen kalampahan makaten, Hyang Maha Suci katut ing alam alus, panggenan jin peri perayangan, nempel ing selo utawi kekayon ageng, guwo singup lan ing gedong-gedong sepen. Saderek 11 ingkang nggered Hyang Maha Suci ing ngriku tansah gesang awit angsal sinaring Hyang Maha Suci. Puniko lajeng maujud genderuwo, kemamang, wedon, wewe lan sapanunggilanipun. Sadaya puniko anuwuhaken pepeteng ingkang merbawani tiyang gesang ing ngriku.
Kathahing pepeteng ingkang tansaya kathah salebeting ewon tahun mahanani kasangsaraning gesang tetiyang ing ndonya puniko, awit saged murugaken sesakit mawarni-warni lan swasana ingkang mboten sakeca. Ugi pepeteng puniko angomberi tindak durjana ing pundi-pundi panggenan.
Tugas lan jejibahan.
Sasampunipun tampi ayahan utawi tugas ngusadani tetiyang ingkang sakit, Pak Arjo tampi jejibahan angruwat panggenan angker, wingit lan singup. Panggenan puniko sadoyo pinongko sumber utawi tuking sadaya kasangsaraning pagesangan.
Pangruwatan puniko katindakkaken sarana sujud utawi ening, nyuwunaken pangapura kesalahanipun Hyang Maha Suci ingkang kagered saderek 11 puniko. Yen kinabulan dening Hyang Maha Kuwasa, umumipun lajeng wonten prabawa angin midid ambekto roh penasaran (saderek 11) wangsul dateng asalipun ingkang wujud sari-sarining bumi.
Ing tengah kito Pare wonten punden wit waringin ingkang kasebat Waringin Budha. Ing ngandapipun wonten reca Budha alit, watawis setengah meter inggilipun. Puniko panggenanipun tetiyang sami nyadran, mbesmi kemenyan lan sawur sekar, ing pangangkah angsal berkah saking ingkang manggen ing ngriku. Tamtu kemawon panggenan makaten puniko dipun remeni roh-roh penasaran. Naliko karuwat, sanaliko karaosaken swasana padang, resik saking pepeteng. Nanging, salajengipun, awit saking kathahing tetiyang ingkang tansah anyadran ing ngriku, roh penasaran saking lintu panggenan lajeng sami andatengi lan manggen ing papan puniko. Mboten antawis dangu, swasana dados peteng malih.
Angawisi nyadran tumraping warga Sapta Darma.
Ing ngriki, Pak Arjo mawanti-wanti, sanget anggenipun angawisi warga Sapta Darma lampah nyadran, masang tumbal, memujo sakathahing wesi aji ingkang rupi gegaman: keris, tumbak lan sapanunggilanipun.
Ing Pare kathah panggenan ingkang sampun nate karuwat upaminipun Waringin Budha, Candi Surowono, kraton Mamenang (ingkang kasebat panggenan pamuksaning Prabu Jayabaya) lan sanesipun.
Anglepasaken kukilo.
Pak Arjo remen angingah peksi perkutut. Wonten sekawan utawi gangsal kurungan ingkang kagantung ing griyanipun. Sasampunipun anglampahi sujud, Pak Arjo saged angraosaken, kados pundi raosipun yen kalebetaken ing kurungan, sanadyan mboten kekirangan tetedhan lan toya pangomben. Pramilo lajeng sami dipun lepasaken sadaya.
Ing wekdal kalodangan, Pak Arjo anelakkaken, bilih warga Sapta Darma sasaged-saged anulad lampah puniko, nglepasaken karemenan angurung peksi utawi sato kewan sanesipun. Wonten ingkang purun, nanging ugi kathah ingkang mboten purun angugemi piweling puniko, kanti alasan maneko warni.
Tumraping Pak Arjo, sadaya namung kapasrahaken dateng pribadinipun piyambak-piyambak. Menawi tumrap kaluwarganipun piyambak, putra-putri, semah, malah dateng biyungipun piyambak, punika sampun arupi parentah ingkang keras, mboten kenging kabantah.
0005. Wahyu SAPTO DARMO..
Sabda Waras
Ing salebeting anindakaken parentahing Hyang Maha Kuwasa anyarasaken tetiyang ingkang sami sakit, Pak Arjo mboten andatengi, nanging tetiyang sami murugi ing griyanipun utawi ing panggenan tartamtu ingkang sampun katuju. Pak Arjo namung dateng ing panggenan puniko. Tiyang ingkang sami sakit lajeng sami baris ing panggenan puniko. Salajengipun Pak Arjo ening,nyuwun palilahing Hyang Maha Kuwasa lajeng andawahaken sabda "WARAS".
Tetiyang ingkang sampun kasabda makaten lajeng sami wangsul. Kathah ingkang angraosaken badanipun saras saderengipun dumugi ing griyanipun. Wonten ugi ingkang angraosaken saras sasampunipun tigang dinten.
Sabda "WARAS" puniko pinongko sarananipun. Mboten ngangge sarana jampi, unjukan, sekar utawi uba rampe sanesipun.
Ingkang bade ngaturi sesulih, rupi arta utawi sanesipun, sadaya sami katolak. Mboten purun nampi awit sadaya puniko arupi tugas saking Hyang Maha Kuwasa ingkang mboten saged sinelakan.
Ing antawis tetiyang ingkang sami sakit puniko utawi kaluwarganipun, wonten ingkang kepingin anggaduh "ilmunipun Pak Arjo". Puniko sami kasujudaken. Dados tansaya kathah ingkang anindakkaken sujud. Kathahing tetiyang ingkang sami sujud mahanani sumilaking pepeteng ing ndonya. Inggih puniko sadaya ingkang kakersakkaken dening Hyang Maha Kuwasa.
Donga lan puji ingkang mboten kaucapaken.
Ing pundi-pundi panggenan, sadaya puja-puji ingkang katujokkaken dateng Hyang Maha Kuwasa puniko tartamtu mahanani kawontenan makaten, inggih puniko sumilak lan pepadanging ndonya.
Makaten ugi Sapta Darma. Sanadyan donga lan puji mboten kanti kaucapaken, namung kaucapaken ing salebeting batos, nanging daya prabawanipun saged anyilakaken pepeteng ing ndonya.
Wacana ingkang kaucapaken naliko anindakkaken sujud puniko , sadoyo anulad ucapan naliko Pak Arjo tampi wahyu sujud 27 Desember 1952. Mboten kaucapaken sarana lati, nanging kaucapaken ing salebeting batos, sabab inggih makaten puniko parentahing Hyang Maha Kuwasa.
Sabda titipan saking Hyang Maha Kuwasa.
Namung sabda "WARAS" puniko ingkang kedah kaucapaken. Sabda "WARAS" mboten mawi kekanti utawi tambahan ucapan punopo-punopo malih. Sabda "WARAS" puniko kawastanan sabda titipan saking Hyang Maha Kuwasa. Sabda puniko kawastanan "landeping pitung panyukur" ingkang ateges mboten baen-baen.(Mboten baen-baen = mboten salimrahipun). Warga Sapta Darma kaangkah sagedo sami anggaduh sabda puniko, kangge anyarasaken tiyang sakit.(Anggaduh = angampil, mboten sami lan anggadah)
Anyarengi sabda puniko, warga Sapta Darma kaawisan andawahaken ucapan-ucapan ingkang kirang sae, sabab sadaya bade katamakkaken dateng badanipun piyambak. Anyabdo awon dateng sok tiyango, puniko bade tumus dateng pribadinipun piyambak. Dene wonten tiyang ingkang andawahaken ucapan awon dateng warga,mboten kapareng amales sabdo awon. Samonggo kerso yen wantun anglampahi tindak makaten (angucap awon dateng warga).
0004. Wahyu SAPTO DARMO..
Blegering Pak Arjo Sopuro.
Wonten ingkang nyariosaken bilih naliko tampi Wahyu Sapto Darmo puniko, umuripun 36 tahun, ateges kelahiran tahun 1916 (1952 - 36). Nanging wonten ugi ingkang ngekahi bilih priyo kelahiran Semanding (sisih Kidul-Wetan Pare) puniko lahiripun tahun 1912, tampi wahyu umur 40 tahun.
Inggil watawis 180 cm, katingal angklung-angklung awit badanipun kera. Pakulitanipun cekapan, mboten jenar utawi cemeng. Potongan rambut cepak kados tentara. Mboten purun ngingah jenggot utawi rawis (kumis). Ugi mboten brewok. Dados katingal klimis, resik. Wicaranipun mawi pralampito, tegesipun angangge ukoro-ukoro pralambang.
Yen dong serik awit wonten wargo ingkang alampah tindak kirang leres, malah nggegujeng badanipun piyambak, kaento badanipun piyambak ingkang anglampahi kalepatan puniko. Wargo ingkang katuju mboten rumaos, malah tumut gumujeng. Dene yen alampah leres, malah dipun bantah. Pak Kemi asring bebantahan lan Pak Arjo. Contonipun naliko Pak Kemi anyariyosaken bilih ing salebeting kahanan suwung puniko wonten ingkang manggen ing ngriku, Pak Arjo mbantah :"Ora ono". Pak Kemi ngengkel: "Ono". Pak Arjo malah mbengok: "Ora ono". Makaten wongsal-wangsul kados tiyang ingkang padudon. Ing wasono, Pak Arjo lajeng gumujeng :"Ha ha ha ha ".
Dateng tuntunan, Pak Arjo anyebataken yen wonten tuntunan bebek. Sadoyo sami gumujeng. Pangon bebek puniko angangen bebek dateng sesabinan ingkang nembe dipun panen lan ugi dateng lepen-lepen alit ingkang kathah yuyu utawi keyongipun. Naliko bebekipun sami anyebar pados tetedan ing panggenan puniko, pangonipun tenguk-tenguk ing gubug sinambi leyeh-leyeh, angawasi saking katebihan. Nembe gemregah tangi yen wonten bebek ingkang nigan.
Puniko pralambangipun tuntunan bebek, nembe gemregah yen warganipun wonten ingkang tampi wejangan utawi sanepan. Puniko lampah ingkang kirang leres tumraping tuntunan.
Anyumerepi kathah wargo ingkang sujudipun taksih kirang leres, sisahipun kepati.
0003. Wahyu SAPTO DARMO..
Poro saksi.
Salebeting Pak Arjo anindakkaken parentah saking Hyang Maha Kuwasa, tartamtu kairing saksi-saksi.
Paling sakedik tiyang kalih ingkang mesti anekseni punopo kemawon ingkang katindakaken dening Pak Arjo Sopuro naliko angayahi tugas puniko. Naliko murwakani, mitranipun pinangka paraga ingkang anekseni dawahing wahyu : Pak Joyo Djaimun, Pak Kemi, Pak Danu Miharjo, Pak Soma Giman, pak Reso Kasirin, Pak Darmo, Pak Jumadi,Pak Joyo Sadji, Pak Diman lan sanes-sanesipun. Pak Joyo Djaimun tiyangipun anteng mboten kathah wicanten, inggilipun watawis 160 cm, badanipun cekapan, mboten lema utawi kera. Pak Kemi ugi makaten, namung menawi ngendiko mentes awit saking kathahing pengalaman ngulandara pados guru rohani. Pak Danu Miharjo langkung alit, watawis 155 cm , cemeng pakulitanipun, kathah wicantenipun, remen ndagel adamel guyon.Nyambut damel dados guru Sekolah Dasar. Pak Soma Giman ageng inggil, watawis 170 cm, grapyak semanak sanadyan sampun dados tiyang sugih, gadah truk kathah. Pak Reso Kasirin radi lema, inggilipun sami lan Pak Joyo Djaimun. Dene Pak Darmo ageng inggil meh sami lan Pak Soma Giman. Adikipun Pak Soma Giman dados semahipun Pak Darmo. Pak Jumadi ingkang paling lema. Saking lemanipun, ngantos awisan nggletak utawi tileman.Sadinten-dinten namung lenggah, menawi tilem inggih lenggah ing kursi. Sanadyan makaten, Pak Jumadi puniko tiyang ingkang lugu. mboten nate cengengesan. Mboten purun tumut-tumut lampah ambata rebah utawi anut grubyug. Ing antawis mitranipun Pak Arjo Sopuro, Pak Jumadi, Pak Kemi lan Pak Diman puniko ingkang lestantun anglampahi sujud ngantos puputing yuswa. Yen Pak Diman puniko paling alit,inggilipun watawis 155 cm. Pinter amicara, nyerat, nggambar. Wicaranipun alus kados priyantun. Ing antawisipun mitra, puniko ingkang paling moncer wawasanipun.
0002. Wahyu SAPTO DARMO.
Pepetenging jagad.
Payudan (paprangan), kacilakan,sakit, lan gonjang-ganjinging bumi ingkang rupi lindu, banjir , lesus lan sapanunggilanipun , sadaya puniko anuwuhaken katah pepejah dateng tiyang jaler-estri, nem-sepuh. Ugi puputing yuswa puniko anambahi katahing tiyang ingkang pejah.
Mboten sadaya nyowo ingkang pejah saged wangsul dateng pangayunaning Hyang Maha Kuwasa ing alam langgeng. Ingkang kathah manggen ing alam alus, dene sanesipun saged ugi manggen ing alam wadag upaminipun ing guwo-guwo, griyo singup, ing kekayon, malah wonten ingkang nemplek ing sato kewan.
Sadaya kadadosan puniko anuwuhaken pepetenging swasana. Petenging swasana angreridu lampah pados pangupo jiwo, adamel kacingkrangan lan kasisahan ing bebrayat.
Saking agenging prihatos saha genturing panuwunan dateng Hyang Maha Kuwasa, lampah pak Arjo Sopuro puniko mahanani tumuruning wahyu sujud Sapta Darma ing wulan Desember tahun 1952 tanggal 27 ingkang kaleresan malem Jum'at Wage.
Tumuruning wahyu sujud puniko, saderengipun kairing tanda-tanda ingkang kacatet salebeting penggalihing poro mitro-mitranipun Pak Arjo Sopuro.
Poro pamirso,
Wacana ing nginggil puniko ingkang kulo mangertosi ing babagan analiti milo bukanipun karsaning Hyang Maha Kuwasa anurunaken wahyu sujud dateng Pak Arjo Sopuro.
Wahyu sujud kalajengaken tumuruning wahyu racut ing wulan Pebruari tanggal 13 tahun 1953 lan ing pungkasan paripurno tumuruning wahyu Simbol Pribadi, Wewarah Pitu lan Sesanti ing tanggal 12 Juli 1954, wanci siang watawis jam 10.00.
Prajanjen lan Hyang Maha Kuwasa.
Sasampunipun anampi tumuruning wahyu Simbol Pribadi, Wewarah Pitu lan Sesanti, Pak Arjo dalah para mitranipun nembe mangertos yen sadaya puniko mboten namung kagem pribadinipun piyambak, nanging sampun dados sesanggeman ingkang kedah kabiwarakaken dateng sok tiyango ing saindenging jagad.
Purwaning jejibahan.
Amurwakani sesanggeman puniko, Pak Arjo nampi parentah ngusadani tiyang sakit ing Pare lan desa-desa sacelakipun.
Ing salebeting ngayahi tugas utawi jejibahan puniko, Pak Arjo sok selak utawi mboten purun angleksanani, awit rumaos gadah tanggelan semah lan yoga. Sanesing puniko ugi gadah pikiran rangu-rangu, "Mengko gek . . .".
Menawi sampun gadah penggalih makaten puniko, lajeng mopo. Mboten purun medal ing njawi. Poro mitranipun ing njawi sami ngrantos medalipun.
Salebeting kahanan makaten, ujug-ujug, tanpa sangkan paran, Pak Arjo sumerep kedatengan tiyang kalih marepeki Pak Arjo. Kekalihipun sami dene mulasara pak Arjo sarana angantemi tutukipun. Pak Arjo jerit-jerit sesambat, lajeng anjelih "Celukno Pak Kemiiii !!!. Iki aku diantemi wong-wong" Makaten wongsal-wangsul. Para mitranipun sami gugup lan ngungun. Ing ngriku mboten wonten sinten-sinten. Anamung sami sumerep bilih Pak Arjo ngantemi tutukipun piyambak sarana asta kekalihipun.
Sasampunipun Pak Kemi dumugi ing ngriku, Pak Arjo lajeng angucap"Aku sanggup nglakoni prentahe Hyang Maha Kuwasa". Bibar puniko lajeng lerem. Pak Kemi minongko dados saksining ucapan puniko. Pranyata waja (untunipun) Pak Arjo rontok kalih kenging anteman puniko.
0001. Wahyu SAPTO DARMO..
Bebuko
Hyang Maha Kuwoso Hyang Moho Agung, Moho Asih, Moho Adil, Moho Waseso, Moho Langgeng.
Nuwun poro maos,
Kulo namung sadermi anyerat riwayat lelampahan Wahyu Sapto Darmo puniko adedasar Sesanti wajibing wargo Sapto Darmo : "Ing ngendi bae, marang sopo bae, wargo Sapto Darmo kudu sumunar pindo baskoro".
Lampahan wahyu Sapto Darmo puniko saged karingkes kados puniko:
KEDIRI AMIWITI
SUROBOYO AMBABATI
PONOROGO KANG NAPENI
SUROKARTO AMILIHI
NGAYOGJOKARTO ANDARBENI
Puniko weco ingkang katampi dening Bopo Panuntun Sri Gutomo naliko tampi jejibahan saking Hyang Widhi.
Wahyu Sapto Darmo kaasto dening Hyang Widhi, kaparingaken dateng titah manungso, minongko nugrahaning Hyang Maha Kuwaos.
Kediri amiwiti, sabab dumawahing wahyu puniko wonten Kediri (Pare) awit saking agenging prihatosipun Pak Arjo Sopuro aningali kesrakatipun sesamining agesang.
Kediri ugi saged kawastanan kaetrapaken dateng diri (pribadinipun) piyambak.Puniko amengku piweling, bilih ajaran puniko kedah kaetrapaken pribadinipun rumiyin, saderengipun kabiwarakaken dateng asanes.
Suroboyo kang mbabati.
Sasampunipun angraosaken Agung, Asih soho Adiling Hyang Moho Kuwoso lantaran anindakaken sujud, salajengipun kedah Suro+boyo = wantun angajengi pakewuh (beboyo).
Tegesipun wantun angicali lampah utawi bebuden awon kadosto mo-limo inggih puniko main(kertu),minum (mabuk-mabukan), maling, madon (karemenan bebedang lan tiyang estri) lan mangan (dahar rupi-rupi ingkang kirang sae tumraping kasarasaning wadag).
Ponorogo kang napeni.
Pono= mangertos, rogo=wadag.
Salajengipun lajeng napeni, kados dene napeni uwos supados pisah lan las utawi kuliting gabah. Lampahing reog warok Ponorogo ingkang angebas-ebasaken dadak merak saged kawastanan sarono ambucal pikiran awon ing sirah, watak utawi lampah awon.
Surokarto kang amilihi.
Puniko mengku sanepo bilih sasampunipun dipun tapeni, kedah wantun (suro) adamel karaharjan (karto), sarono amilihi uwos ingkang wetah lan meniripun.
Ngayogjokarto ingkang andarbeni.
Puniko anjarwani, bilih ing wasono, sadoyo kawengku ing panggenan ingkang murakabi (Ngayogjokarto)
Nuwun sewu, puniko sadoyo ingkang kulo mangertosi. Tamtu panjenengan kagungan wawasan ingkang langkung bawero. Monggo kulo aturi paring pangertosan dateng pangripto.
email: warga.saptadarma@gmail.com
Langganan:
Postingan (Atom)